Informasi gereja diperbarui dua kali sebulan, di minggu pertama dan ketiga.

Selamat datang di GKJ Pamong Utama

Sugeng rawuh sedaya wonten ing GKJ Pamong Utama

Informasi Ibadah

Kebaktian Umum

Minggu pukul 07.00 WIB.

Minggu Ganjil Bahasa Jawa
Minggu Genap Bahasa Indonesia

Sekolah Minggu

Minggu pukul 07.00 WIB.

Warta Jemaat

Kegiatan Gereja

1 - 7 Juni 2026
klik/zoom tabel untuk melihat secara detail

Renungan

Jemuwah, 5 Juni 2026

Minggu Trinitas

Kidung Pangadhuh 3:40-58; Jabur 50:7-15; Lelakone Para Rasul 28:1-10

GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU

“Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah” (Kidung Pangadhuh 3:40)

Saben tiyang ingkang gesang, mesthi nate ngalami wekdal ing swasana peteng — wekdal angel, sangsara, sakit, utawi cilaka. Nanging ing satengahing pepeteng ingkang mekaten punika punika, Gusti Allah tansah asung pitulung, midhangetake pasambat kita, lan ngluwari kita saking karubedan. Kidung Pangadhuh 3:40–58 ngatag kita mekaten: “Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.” Punika dados pratandha bilih pangajeng-ajeng ing Gusti boten badhe muspra.

Gusti rawuh, mitulungi, lan ngendika: “Aja wedi!” Mitrurut paseksi ing Jabur 50:7–15 nedahaken bilih Gusti boten namung ngersakaken kurban ritual, nanging kurban pamuji sokur ingkang miyos saking manah ingkang tulus. Mekaten timbalanipun tumrap kita sami: “Sowanana Aku, nalika kowe kasangsaran, Aku bakal nylametake kowe, lan kowe bakal ngluhurake Aku.”. Punapa kita purun mbikak manah nyuwun sih pitulungipun Gusti. Punapa kita purun sumarah lan mboten ngendelaken kekiyatan kita piyambak?

Nalika Rasul Paulus dipun cakot dening sawer ingkang mbebayani, tiyang ing Malta sami nganggep bilih Paulus punika tiyang awon lan mesthi badhe pejah. Ananging Paulus tetep tenang, piyambakipun nguncalaken ula punika dhateng geni, lan pranyata boten ngantos cilaka. Tiyang ing pulo Malta lajeng kaget lan nganggep Paulus punika dewa. Nanging Paulus boten gumunggung, malah ngawula kanthi tulus. Paulus nresnani, ndedonga, lan nyarasaken tiyang sakit.

Awit saking punika, sumangga sesarengan kita: (1) Mriksa gesang kita piyambak-piyambak lan mratobata kanthi tulus, (2) Sowana dhateng Gusti punapa malih nalika kita ngadhepi marupi rupi masalah – kasisahan, Gusti mesthi mitulungi, (3) Tetep sumarah lan yakin dhateng pangrehipun Gusti, gumregah tetep leladi dhateng sesami. Engeta bilih: Nalika kita sesambat dhumateng Gusti, Panjenenganipun saestu midhanget lan ngandika: “Aja wedi!” . Amin. |*LES

Warga jemaat yang tercatat

orang
0

Majelis

orang
0