Jika tampilan berantakan, harap muat ulang halaman

Selamat datang di GKJ Pamong Utama

Sugeng rawuh sedaya wonten ing GKJ Pamong Utama

Informasi Ibadah

Kebaktian Umum

Minggu pukul 07.00 WIB.

Minggu Ganjil Bahasa Jawa
Minggu Genap Bahasa Indonesia

Sekolah Minggu

Minggu pukul 07.00 WIB.

Warta Jemaat

Kegiatan Gereja

8 - 14 Juni 2026
klik/zoom tabel untuk melihat secara detail

Renungan

Rebo, 17 Juni 2026

Minggu Limrah

Wulang Bebasan 4:10-27; Jabur 105:1-11, 37-45; Lukas 6:12-19

WONG MURSID MINANGKA PEPADHANG

“Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange ngati tumeka ing wayah tengange” (Wulang Bebasan 4:18)

“Pepadhang” punika ngemu suraos ingkang mawerni-werni. Kados dene Roh Suci, Rohing Pepadhang, ingkang madhangi, paring panglipur lan ayem-tentrem ing gesanging manungsa. Ulate padhang ateges manahipun suka bingah, ketingal ing pasuryan ingkang mbingahaken lan tumindak leres. Tiyang mursid inggih tiyang ingkang setya tuhu ndherek Gusti kapralambangaken minangka pepadhang ing wayah enjing.

Ngemu teges, gesangipun tiyang mursid ing prekawis sae, ing bebener, ingkang ndadosaken kabingahanipun tiyang sanes. Mila, tiyang mursid kathah sedherekipun, dipunantos-antos dhatengipun, ingkang saged ngguyubi lan ndamel kabingahanipun tiyang kathah. Manungsa saged dados tiyang mursid awit adrengipun manah pribadi, kajurungan dening Rohing Allah, Rohing pepadhang. Gusti Allah maringi pepadhang ing manahipun tiyang pitados, ingkang ndayani tiyang mursid kuwagang gesang ing pepadhang. Purun gesang ing karukunan kaliyan tyang sanes, saged apunten-ingapunten kaliyan tiyang ingkang nandhang lepat, ugi tansah memuji asmanipun Gusti kanthi gumolonging manah.

Pepadhangipun tiyang mursid ampun ngantos mbleret, saya suda urubipun. Saya malih ampun ngantos pejah. Menawi urubipun pejah, ateges gesangipun tiyang mursid mboten migunani dhateng tiyang sanes. Gesangipun taksih ambegan, taksih ngersakaken dhahar lan ngunjuk, nanging mboten migunani ing bebener dhateng tiyang sanes. Muspra kemawon, gesangipun ngamplah.

Gusti Allah ngersakaken, manungsa sageda milih dados tiyang mursid. Godhanipun dados tiyang pancen mawarni-warni. Nanging, Sang Roh Suci, Rohing pepadhang tansah madhangi manahipun manungsa, supados manungsa tansah dados tiyang mursid. Ugi, manungsa purun dados tiyang mursid. Ateges, purun dados astanipun Gusti madhangi tiyang kathah ing sakiwa-tengenipun. Ndamel tentrem rahayu, panglipuran, saha guyub-rukun kaliyan tiyang sanes. Tiyang mursid dipunremeni dening tiyang kathah. Pawartos ingkang mbingahaken. |*KR

Warga jemaat yang tercatat

orang
0

Majelis

orang
0