Informasi gereja diperbarui dua kali sebulan, di minggu pertama dan ketiga.

Selamat datang di GKJ Pamong Utama

Sugeng rawuh sedaya wonten ing GKJ Pamong Utama

Informasi Ibadah

Kebaktian Umum

Minggu pukul 07.00 WIB.

Minggu Ganjil Bahasa Jawa
Minggu Genap Bahasa Indonesia

Sekolah Minggu

Minggu pukul 07.00 WIB.

Warta Jemaat

Kegiatan Gereja

1 - 7 Juni 2026
klik/zoom tabel untuk melihat secara detail

Renungan

Setu, 6 Juni 2026

Minggu Trinitas

Pangentasan 34:1-9; Jabur 50:7-15; Mateus 9:27-34

GUSTI INGKANG WELAS, GUSTI INGKANG MARASAKE

“… Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane” (Pangentasan 34:6)

Nalika nabi Musa minggah ing gunung Sinai ingkang kaping kalihipun (Keluaran 34:1–9), panjenenganipun ndedonga lan sumungkem dhateng Sang Yehuwah Allah, nyuwun kawelasan. Gusti Allah paring pangandika mekaten: “…Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane, kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman…” (ayat 6-7).

Punika sanes namung dados pepeling sejarah, nanging wigati tumrap kita — Gusti ingkang ngapura, gething marang dosa, nanging kepareng nelakaken katresnan tumrap umatipun. Pramila memper bilih wonten ing Jabur 50:7–15 nyariyosaken bilih Gusti boten ngersakaken kurban lahiriyah, nanging kurban puji sokur lan tulusing manah. Gusti ngendika: “Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsung, nuli Ingsun bakal mitulungi sira…” (ayat 15)

Katresnan ingkang nyata ugi pinanggih kababar wonten ing paseksinipun Injil Mateus 9:27–34, kita manggihaken cariyos bilih Gusti Yesus marasake tiyang wuta lan nyarasaken tiyang bisu. Tiyang wuta nyuwun: “Dhuh tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi”. Gusti Yesus kepareng mitulungi lan ngandika, ““Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.” (ayat 29).

Punapa kita purun lan wantun pitados dhumateng Sang Yehuwah Allah ingkang maha welas, ingkang tansah paring tetulung dhumateng para pitados? Punapa kita purun mateb pitados dhumateng Sang Yesuwah ingkang makarya ugi wonten ing Gusti Yesus Kristus?

Samangke sangsaya cetha bilih (1) Gusti Allah punika Maha Welas lan Maha Asih, (2) Gusti Allah ngersakaken supados kita tansah kadununungan manah ingkang kebak raos sokur (3) Gusti Allah wonten ing Sang Kristus Yesus kepareng paring pitulung dhumateng manungsa, supados sami mratobat lan mitadosaken gesang dhunateng Juru Wilujenging jagad. Amin. |*LES

Warga jemaat yang tercatat

orang
0

Majelis

orang
0