Setu, 6 Juni 2026
Minggu Trinitas
Pangentasan 34:1-9; Jabur 50:7-15; Mateus 9:27-34
GUSTI INGKANG WELAS, GUSTI INGKANG MARASAKE
“… Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih,
luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane”
(Pangentasan 34:6)
Nalika nabi Musa minggah ing gunung Sinai ingkang kaping kalihipun
(Keluaran 34:1–9), panjenenganipun ndedonga lan sumungkem dhateng
Sang Yehuwah Allah, nyuwun kawelasan. Gusti Allah paring pangandika
mekaten: “…Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar,
gedhe kamirahane lan kasetyane, kang netepake sih susetyane marang
wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar
pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman…” (ayat 6-7).