Gusti rawuh, mitulungi, lan ngendika: “Aja wedi!” Mitrurut paseksi ing
Jabur 50:7–15 nedahaken bilih Gusti boten namung ngersakaken kurban
ritual, nanging kurban pamuji sokur ingkang miyos saking manah ingkang
tulus. Mekaten timbalanipun tumrap kita sami: “Sowanana Aku, nalika kowe
kasangsaran, Aku bakal nylametake kowe, lan kowe bakal ngluhurake Aku.”.
Punapa kita purun mbikak manah nyuwun sih pitulungipun Gusti. Punapa
kita purun sumarah lan mboten ngendelaken kekiyatan kita piyambak?
Nalika Rasul Paulus dipun cakot dening sawer ingkang mbebayani, tiyang
ing Malta sami nganggep bilih Paulus punika tiyang awon lan mesthi badhe
pejah. Ananging Paulus tetep tenang, piyambakipun nguncalaken ula punika
dhateng geni, lan pranyata boten ngantos cilaka. Tiyang ing pulo Malta lajeng
kaget lan nganggep Paulus punika dewa. Nanging Paulus boten gumunggung,
malah ngawula kanthi tulus. Paulus nresnani, ndedonga, lan nyarasaken tiyang
sakit.
Awit saking punika, sumangga sesarengan kita: (1) Mriksa gesang kita
piyambak-piyambak lan mratobata kanthi tulus, (2) Sowana dhateng Gusti
punapa malih nalika kita ngadhepi marupi rupi masalah – kasisahan, Gusti
mesthi mitulungi, (3) Tetep sumarah lan yakin dhateng pangrehipun Gusti,
gumregah tetep leladi dhateng sesami. Engeta bilih: Nalika kita sesambat
dhumateng Gusti, Panjenenganipun saestu midhanget lan ngandika: “Aja
wedi!” . Amin. |*LES